gunung condong



Gunung kue jengenge Gunung Condong. Kiye bentuke kaya segelondong watu sing gedenge masyaalloh. panggone neng dalan kecamatan antarane Kalibening meng Pandanarum.

Nek nggo sing umahe daerah kue mungkin ora begitu spesial banget.tapi nek nggo sing ra tau weruh....Subhanalloh maene gan.
Sekang puncake rika bisa weruh pemandangan kecamatan pandanarum penuh nganti tekan Rembang (Purbalingga). Trus hawane kepenak pisan soale angine semribit seger.mung sayange ana sing marai madan kurang endahe... sekelilinge sing maune akeh wit pinus, siki madan gundul akibat blandong-blandong kayu ora genah sing mung golet untunge dewek ora mawi nanduri maning. 

Jere wong kono sih dijenengi gunung condong soale bentuke kaya watu gedhe sing doyong arep rubuh meng ngarep (arah pandanarum). tapi jere maning siki bentuke wis ora semiring mbiyen.mungkin sebab ana pergerakan tanah apa kepriwe (nyong ora mudeng gan... :malu ). 

Jane angger gunung condong kue digawe tempat wisata (senajan ora resmi kaya Gunung lawe), kayane ya bakal rame, lewih kerumat tur mesti mbetahi lho.
Penasaran ?? ngana bae....


Previous
Next Post »
Thanks for your comment